Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara
sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem.
Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing
kusus kadosdéné raja lan ratu.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtuautawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtuautawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:
·
6 Pupuk
Siraman
Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjursedulur liyané uga kalebu pemaes.
ꦩꦶꦢꦺꦴꦢꦫꦺꦤꦶ==Midodaren== Kanggo tulisan luwih
gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar
wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur
putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing
saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon"
yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo
ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara
pahargyan ing omahé pengantèn putri.
Upacara panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake
acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané
yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo
pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk,
Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan
lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.
Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah,
banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo
banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing
tanggung jawab marang kaluwargane.
Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu
kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur,
minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.Sinduren
saking tembung sin -isin ndur mundur ing kono anggadahi arti selendang ingkang
warnanipun abit (abang)kadhapuk kalianpethak ingkang nglambangake persatuan
sakinng bapak lan ibu.
Timbang
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké
pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha
karo mantu.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dalemé sing duwé gawé, wujudé
werna-werna.
Dhahar Klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka
pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané
pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang
wong tuwa kekalih.
Kendurèn / resèpsi
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara
pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan
iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka
ing acara iki.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah
dhamel, wernané wonten kathah.
Masang Tarub
Masang tarub gumantung marang kahanan ing dalemé sing
duwé kajad.
Pemaes
Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci
sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun
pengantèn.
Uga pirsani
Ningali calon pengantèn putri ing griya tiyang
sepuhipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar