Wong Jawa kuwi pra mligi ana ing Kabupaten Blora thok. Semono uga wong mantu ya ora
mung siji tatacarane. Tlatah siji lan sijine mesthi duweni paugeran kang beda.
Tatacara mantu ing Blora, Orang padha karo ing Semarang beda karo ing Surabaya, lan liya-liyane. Ing Ngisor iki
salah sijine tuladha urutan tatacara mantu ana ing jawa, yaiku :
Lamaran
Sing nglamar wong tuwane calon penganten lanang. Calon
penganten lanang ora kena melu, amarga yen ditampik ben ora isin.Iku dilako'ake
kanggo tandha resmi yen pihak kaluarga calon manten putri utamane wongtuane isa nerima calon manten
kakung dadi pasangan urip putrine.
- Sing Dilamar
Sing mangsuli lamaran wong tuwane bocah wadon
dhewe,epepet wong tuwane ora bisa, kena diwakili sedulure sing cedhak.
- Wanci (Wektu) Lamaran
Ditemtokake dinane, tanggal, waktu, lan jumlahe wong
sing arep mara (dadi kudu disetujoni saka keluarga temanten lanang lan keluarga
penganten wadon)
Tatacara Siraman
Sedina sedurunge tempuking gawe, dianakake tatacara
siraman kang pamrihe (tujuane) supaya calon pengenten loro-lorone bisa suci
lahir batine, ilang rereged rekating awak lan ati sarta kabeh alangane,
Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki duweni pralambang lan
pangajab supaya ing upacara dhaupe pengenten suasanane bisa rengeng.
- Sing Dodol Dhawet
Ibune penganten putri, dene bapake mayungi ibune, karo
nyeyuwun ing ngersane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripe calon penganten
bisa sesrawungan karo liyan lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet yaiku para
tamu lan dhuwite kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng)
- Wardine (tujuane) dodolan
dhawet yaiku:
Wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale
wisma (bale omah), supaya tundhone padha-padha marem ing ati (ayem,
tentrem,bahagia)
- Wardine Dhuwit Kreweng
Kreweng (pecahan gendheng) iku digawe saka lemah,
amarga manungsa iku asale ya saka lemah kan lantaran bapa biyunge, asale saka
Gusti Allah.
Wardine Kembang Mayang
Dianggo panyuwunan amrih lakuning penghargyan bisa
rahayu slamet ora ana alangan apa-apa.
- Kembar Mayang Iku Ono Loro
Werdine sing siji kanggo pralambang lanang, lan sijine
maneh kanggo pralambang wadon (putri), supaya panganten loro-lorone bisa kembar
tresna, lan kembar cipta, rasa lan karsane
- Janur Kuning
Janur saka tembung Jan+Nur Nur tegese cahaya Jan
tegese sak nyatane utama sakbenere Dadi janur tegese cahaya sejati kang
diparingake gusti kang maha Agung.
- Wardine Janur Kuning*
Supaya pengenten sarimbit tansah entuk cahaya sejati
saka Gusti, kang awujud perentah (wewarah) lan ngedohi larangane agama, supaya
dadi keluarga sakinah.
Werdine Pisang Raja Kang Wis Suluh
Supaya bisa duweni wataking raja, yaiku tansah
tanggung jawab, berbudi bawa laksana, tresna asih marang kluwargane, lan suka
dedona, ing tembene bisa dadi tepa-tuladhaning sapdha-padha
Cengkir Gadhing
Ing sakjroning cengkir gadhing iku isi banyu kang
wening. Muga tresnane penganten kaloro tilambaran weninging cipta rasa lan
karsa satemah uripe atutruntut rerentengan, golonganing budi saekapraya ing
pakarya, saekapti ing pakarti.
Tebu Wulung
Yen dijarwakake tebu : antebing kalbu
Kalbu : ati, galih Dadi werdine tebu wulung yaiku manunggaling temanten
sarimbit satuhu linambaran antebing ati lan dipangestuni marang para pinisepuh,
sesepuh kadang lan sanata. Tebu wulung iku tebu sing kuwat (santosa) tegesing
kasantosaning brayat (kluarga) bisa digayuh menawa linambaran tresna kang suci.
Pari Sak Wuli
Werdine supaya pengenten sakloro bisa tansah kecukupan
ing pangan (boga), seneng nandur kabecikan, lan diparingi anak serta ngajeni
marang liyan.
Kembang lan Wohing Kapas
Werdine kembang kembang iku dadi pepenging wong akeh.
Muga-muga penganten sarimbit dadi pepengene wong akeh amarga uripe ayem
tentrem, bagya mulya.
Werdine Kapas
Supaya pengentin sakloro tansah kecukupan ing
sandhang. Godhong apa-apa lan suket alang-alang Minangka pralambang manawa
tumpaking gawe saka wiwitan tumeka ing rampunging gawe bisa kaleksanan kanthi
lancar, slamet, ora ana alangan apa-apa.
Godhong Kaluwih lan Godhong Waringin
Minangka pralambang supaya uripe penganten sakloron
tansah pinaringan kaluwehan sandhang pangan sarta wibawa, lan dadi pangayoman
tumpraping liyan, luwih-luwih marang sanak kadhang lan kanca (mitra)
Jeneng ageman anggon-anggon wiwit saka sirah, tangan,
tekan sikil (suku) yaiku:
- Blangkon yaiku : iket sing
bisa ditata lan didandani kari nganggo
- Beskap yaiku : Klambi
saemper jas cekak
- Jarik yaiku : Kain amba
wuju bathik kanggo tapihan (jarikan)
- Wiru yaiku : Lempitan
kanggo jarik
- Wiru kanggo putri cacahe :
5
- Wiru kanggo kakung
cacahe : 7
Keris yaiku
Gaman
(pusaka) khas wong jawa. Wong kang ngagem busanan kejawen, karo nyengkilit
keris ing geger, iku ngemu teges nengenake watak satrya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar